Salah sijine drama Sarip Tambak Oso seng digarap Rizky Ade S, Jogja. Foto: https://www.gudeg.net/

Para sedulur, neng Suroboyo bagian timur ono legenda tentang joko seng ora iso mati masio dipateni ping sewu. Jenenge Sarip asal Tambak Oso.

Lho kok temenan ta wonge ga iso mati?

Yo jenenge legenda, Lur. Seng jelas iki guduk cerito soal Chuck Norris opo Kwee Ceng.

Tambak Oso iki panggone neng cedak e Pelayaran, utawa cedak e perbatasane Gunung Anyar karo Waru, Sidoarjo. Daerah iki ancene tambak lan dipisah karo kali. Yen sampeyan arep neng nggone Tol Juanda tekan Wiguna, neng kono onok siji dalan seng jenenge Jl. Sarip sak durunge Jl. Amir Hamzah.

Wes yo mari yo soal lokasi. Monggo di Google Map ae ben jelas. Yok lanjut neng ceritone Sarip.

“Sarip, Sarip, durung wayahmu, Nak!”

Kalimat iku pasti diucapno ibuk e Sarip yen anak e seng siji iku kenopo-kenopo.

Sarip. Wong ndi seng ga kenal jenenge arek lanang iku. Jare ceritane wong-wong mbiyen, Sarip iku maling tapi sing athine becik lan peduli karo wong mlarat. De e iku anak yatim, senengane padu, tapi seneng mbelani ibuke.

Merga ne de semacam begundal (opo ancen begundal tenanan), pemerintah Belanda sering nguber de e merga senengane nyolong tur tukang provokasi. Senengane provokasi masyarakat ben menolak kebijakan Belanda seng dianggep merugikan wong cilik.

Suatu ketika, Sarip ketemu karo Saropah. Saropah iki adik misan e Sarip. Paling pas iku Sarip keluwen opo yak opo, seng jelas de e butuh duit. Ndelok Saropah nduwe arloji, Sarip kepincut nyilih jam e ben digadekne. Saropah nolak penjaluke Sarip. Wong loro eyel-eyelan.

Ndilalah onok wong kepercayaane keluargane Saropah, jenenge Paidi. Paidi iki guduk wong sembarang wong. Masio dek e supir dokar, tapi Paidi nduwe gaman sekti jenenge Jagang Baceman.

Paidi seng ndelok Saropah adu lambe karo Sarip, langsung mbacok Sarip karo Jagang Baceman mau. Dhel, Sarip lugur neng kali terus mati…

Neng panggon liya, Ibuk e Sarip ajang eumbah-umbah neng kali. Ndilalah kok ibuk e ndeleng kali ne kok kecampur miline gethih. Gak suwe, ibuk enduwe semacam nduwe—jare Londo Kampung—“feeling” ga enak. Ndilalah tenan. Mayit anak e lanang iku mau kinthir cedek ibuk e.

“Sarip, Sarip, durung wayahmu, Nak!”

Jerit ibuk e Sarip tanpa angin, tanpa udan.

Sarip seng awale mati trus kinthir, ndilalah tangi neh trus mentas!

Sarip tangi, bangkit tekan kubure. Awak e dadi tetep koyok pas de e sakdurunge ketemu Paidi, alias awak e seger waras—utuh!

Kok iso Sarip dadi Sakti?

Sakjane wes ket lahir Sarip iku sakti. Sakdurune bapak e Sarip mati, bapak e senengane topo neng Goa Tapa (daerah Sumber Manjing). Sak marine topo, bapak e mau ngewenehi ibuk e Sarip rong bongkah wedhi abang cilik. Karo bapak e, ibuk e dikongkon mangan wedhi iku mau, sisane dipangan Sarip. Lha tekan kono Sarip dadi sekti, dek e bakal tetep tangi masio dipateni koyok opo ae yen ibuk e mbengok: “Sarip, Sarip, durung wayahmu, Nak!”

Cerito kae mau ancen legenda. Tapi masio ngono, wes kiro-kiro kaping sewu pisan Sarip diludruk no neng jaman-jaman modern.