2.500 Peserta Melok Lomba Kicau Burung

author surabayapagi.com

- Pewarta

Senin, 28 Jan 2019 10:41 WIB

2.500 Peserta Melok Lomba Kicau Burung

SURABAYAPAGI.com, Sidoarjo - Onok 2.500 peserta melok lomba lan pameran burung berkicau nang Sidoarjo, Minggu (27/1). Mereka gak mek nang Sidoarjo, tapi onok seng teko berbagai daerah nang Indonesia, koyok peserta teko Aceh, Cirebon, lan sejumlah daerah liyo. Lomba lan pameran burung sing ngerebutno Piala Bupati Sidoarjo iki adakno wes ping loro digelar. "Iki tahun kedua, mangkakno jenenge Bupati Cup 2," jare Bahrul Amiq, panitia lomba. Pas gelaran iki, onok beberapa jenis burung berkicau sing dilombakno, koyok love bird, murai batu, cucak ijo, cucak rowo, hwambie, anis merah, lan kacer. "Burung tledekan, cendet, kenari, karo sak jenise yo melok dilombakno nang acara iki," jare wong lanang sing dadi Kepala Dinas Perhubungan Sidoarjo iki. Lomba sing digelar nang Taman Tanjung Puri Bluru Kidul Sidoarjo dibagi dadi 30 kelas. Ben kelas dijupuk para pemenange. Bupati Sidoarjo Saiful Ilah sing teko sisan nang kegiatan iki ngaku seneng karo terselenggarane kegiatan iku. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU