Ahmad Dhani Teko nang Polda Jatim Isuk iki

author surabayapagi.com

- Pewarta

Kamis, 17 Jan 2019 10:43 WIB

Ahmad Dhani Teko nang Polda Jatim Isuk iki

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Ahmad Dhani tersangka kasus pencemaran nama baik nang Banser diagendakno nekani Polda Jatim, Kamis (17/1). Kedatangan Ahmad Dhani yoiku menuhi panggilan penyidik Subdit V Siber Ditreskrimsus Polda Jatim gawe ngelengkapi berkas perkara P21 tahap 2. Kasubdit V Siber Ditreskrimsus AKBP Harissandi mbenarno Ahmad Dhani dijadwalno gae menuhi panggilan penyidik nang Polda Jatim. "Iyo engkok sing bersangkutan teko menuhi panggilan kemungkinane pukul 10.00 WIB," jarene nang Mapolda Jatim, Kamis (17/1). Harissandi ngomong lek Gurung onok kendala pihake katene ngelimpahno tersangka Ahmad Dhani lan barang bukti kasus pencemaran nama baik nang pihak Kejaksaan Tinggi Jawa Timur. "Berkas perkara wes rampung saiki P21 tahap II diserahno nang Kejaksaan," jarene. Opo Ahmad Dhani bakal dikancani karo bojone Mulan Jameela? Harissandi Gurung isok mastikno hal iku lantaran sing bersangkutan mek nyampekno lewat kuasa hukume katene nekani Polda Jatim. "Ngancani (Mulan Jameela) gak ero, dienteni ae," pungkasane. Koyok sing diberitakno, Ahmad Dhani ditetapno dadi tersangka terkait kasus pencemaran nama baik terhadap Banser dalam video vlog sing di gae nang Hotel Majapahit Surabaya, Minggu 26 Agustus 2018 wingi. Dhani kebukti melanggar Undang-undang Informasi lan Transaksi Elektronik (ITE) 2016 pasal 27 ayat 3 terkait pencemaran nama baik ancaman hukuman pidana penjara empat tahun. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU