Dishub Berencana Nggawe Transportasi Banyu

author surabayapagi.com

- Pewarta

Jumat, 25 Jan 2019 10:39 WIB

Dishub Berencana Nggawe Transportasi Banyu

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Dinas Perhubungan (Dishub) Kota Surabaya berencana nggawe transportasi banyu. Pihak Dishub adakno wes nang tahap pengukuran sungai kanggo merealisasikno rencana transportasi banyu iku. Dishub sisan ngelibatno akademisi teko Institut Teknologi Sepuluh November (ITS). Ket teko mengkaji alur sungai, sing mencakup ketinggian lan lebar sungai, termasuk kondisi sungai saiki. Kepala Seksi (Kasi) Angkutan Perairan, Udara, Rel, Barang lan Tidak Bermotor Dishub Surabaya, Sunoto, nerangno pengkajian transportasi banyu iku tujuane kanggo nentukno perahu utawa kapal iki layak opo gak mlebu nang jalur sungai. "Saiki awak dewe nang tahap inventarisasi alur sungai sing katene dikembangno," jarene Sunoto, Kamis (24/1). Sungai-sungai sing katene dadi rute merupakan sungai sing memungkinkan, misale Sungai Kalimas guduk sungai sing cilik-cilik. Sunoto nerangno selama iki Surabaya nduwe wilayah perairan sing ombo, karo songo muara, loro di antarane kate dimanfaatno kanggo transportasi banyu. "Sungai Brantas sing ngalir nang Jagir mbelah dadi loro, pertama nang Kalimas bermuara di Petekan. Siji maneh bermuara nang Gununganyar Tambak, loro karone berpotensi kanggo transportasi banyu. Sisane sek gurung, akhir Maret hasil pengukuran alur sungai awak dewe usahakno mari," pungkasane. Pengukuran sungai dilakoni nyesuaino kapal yang akan digunakan nanti, yaitu kapal di bawah 7 gross ton (GT) atau mampu memuat 10 orang penumpang. Teko hasil pengukuran, Sungai Kalimas sisi Monkasel lan Sungai nang Jagir nduwe dukur sing cukup lek dilewati kapal iku. "Kanggo Sungai Kalimas sing rendah ketinggian banyune, isok dikendalikno lewat lawing banyu," jarene. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU