Duet Surabaya-Bekraf Ngembangno Ekonomi Kreatif

author surabayapagi.com

- Pewarta

Jumat, 16 Nov 2018 14:18 WIB

Duet Surabaya-Bekraf Ngembangno Ekonomi Kreatif

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Wali Kota Surabaya Tri Rismaharini karo Kepala Badan Ekonomi Kreatif (Bekraf) Indonesia, Triawan Munaf ngelakokno penandatanganan Memorandum of Understanding (MoU). MoU seng dilakoni sebagai landasan pelaksanaan teko macem-macem program Bekraf gawe pengembangan ekonomi kreatif nang Surabaya. Risma ngeroso kerja sama seng dilakoni begitu penting gawe pengembangan arek enom nang Kota Pahlawan, utamane dalam upaya ngembangno ekonomi kreatif. Arek enom nang Surabaya seng pingin sinau sekaligus ningkatno industri kreatif gawe ngapikno kualitas produksi lokal seng isok digowo nang tingkat dunia, jarene Risma nang Surabaya, Jumat (16/11). Risma nekanno gawe arek enom ben nggali lan ngembangno potensi kearifan lokal seng dimiliki Surabaya. Ayo kembangno kekayaan lokal teko nenek moyang seng isok narik wisatawan asing gawe teko mrene, jare Risma. Risma yo njaluk gawe arek enom terus ngasah ilmu seng diperoleh lan ngembangno talenta seng dimiliki sehingga ngehasilno karya. Amergo, industri kreatif iku industri seng gak isok mati. Triawan Munaf menilai, kehadiran ekonomi kreatif nduwe peranan penting dalam perekonomian nasional seng isok nyumbangno Pendapatan Dometik Bruto (PDB) hingga Rp 922 triliun nang taun 2016. Angka iki, diprediksi isok munggah terus ben taun sekitar 10 persen. Dadine, pas taun 2017 diprediksi mencapai luweh teko Rp 1.000 triliun. Salah sijine teko ruang kreasi semacam film, musik, fesyen, lan kuliner, jareTriawan.

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU