Gelar Sholawatan nang Makodam V Brawijaya

author surabayapagi.com

- Pewarta

Selasa, 04 Des 2018 10:59 WIB

Gelar Sholawatan nang Makodam V Brawijaya

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Jamaah grudukan madati Kodam V Brawijaya gawe melok sholawatan dalam rangka memperingati Maulid Nabi Muhammad lan Hari Pahlawan tahun 2018, Senin (3/1) bengi. Pangdam V Brawijaya, Mayjen TNI Arif Rahman ngomong, pas pengajian iku, Kodam V Brawijaya bersama Pemprov Jatim lan Polda Jatim ngejak warga gawe luweh mempererat persatuan lan kesatuan antar umat beragama. "Iki tentang kebersamaan antar umat beragama, gak mek gawe umat Islam tok nanging tokoh-tokoh umat beragama liyo yo awak dewe ajak gawe ngumpul nang kene," jare Mayjen TNI Arif Rahman pas ditemoni sak marine acara. Lek persatuan karo kesatuan iku sak teruse terjalin, lanjute Arif, kondusivitas nang Indonesia khususe nang Jatim sisan bakalan terus dijogo. Pas acara iku teko Gubernur Jatim, Soekarwo, Kapolda Jatim, Irjen Pol Luki Hermawan lan teko ulama sisan kharismatik Habib Luthfi bin Yahya. "Kebetulan iki seng teko Habib Luthfi, soale beliau iki sak durunge rene sisan nekani acara seng podo sisan nang Semarang lan nang Lampung karo panggon liyo, lan bengi iki nang Kodam V Brawijaya," jarene. Acara iki, lanjute Arif wes suwi direncanakno lan gak onok hubungane karo aksi dugaan separatisme Aliansi Mahasiswa Papua (AMP) seng berunjuk rasa nang Surabaya, Sabtu (1/12) nuntut Papua Barat merdeka. "Iki wes suwi rencanane, gak onok hubungane karo aksi separatisme wingi, Hari Pahlawan lak tanggal 10 November, nanging diundur-undur soale kesibukan beliau lan seng liyane dadi jek ket isok saiki," pungkasane. "Diadakno acara iki mugi-mugi Indonesia, khususe Jatim dadi luweh tentram aman lan ayem," pungkasane.

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU