Grimm & Co: Restoran Tempo Doeloe seng Gak Tau Sepi

author surabayapagi.com

- Pewarta

Selasa, 08 Jan 2019 20:51 WIB

Grimm & Co: Restoran Tempo Doeloe seng Gak Tau Sepi

Para dulur, saiki coba sebutno panggon panganan seng sekirane panganane mewah tur panggone apik? Wuakeh to? Nah, artikel iki bakal mengulas restoran mewah neng Suroboyo seng ga tau sepi. Mergo artikel iki melbu neng Sejarah Suroboyo, dadi Starbuck opo Excelso yo ga masuk, Rek! Opo maneh Mak Yeye! Restoran seng bakal diceritakno saiki jenenge Restoran Grimm & Co. Lokasine onok neng ujung dalan Kramat Gantung lan Gembong. Saiki panggon iki wes guduk restoran. Bangunane wes diajurno trus saiki ngadek bangunan mbuh opo. Restoran iki mbiyen terkenal karo masakane lan rotine seng jarene wong-wong mbiyen iku hueeeenak tur suedep. Restoran iki selain terkenal karo masakan lan roti, yo terkenal pisan karo pesta ne cah-cah enom. Tuan Muda utowo Nonik Belanda podo seneng ngadakno pesta neng Grimm & Co. Bekne para dulur iki tau ndeleng film seng bintange Leornardo DiCaprio seng judule The Great Gatsby, gambarane pestane The Great Gatsby mungkin ga adoh bedane karo pestane neng Grimm & Co. Restoran iki pertama kali dibuka tahun 1888. Wes, sejak dibuka, restoran iki wes dikenal dadi restoran seng kue ne uenak makyus dan dadi salah satu panggon sosialita seng terkenal neng Suroboyo. Tahun 1920, restoran iki ditutup trus dadi bengkel mobil. Sampe saiki restoran iki wes ga tau buka. Bangunan anyare yo dadi gak jelas bentuk lan esensine opo.

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU