Ibu-ibu Konangan Nyolong HP nang Mall

author surabayapagi.com

- Pewarta

Jumat, 04 Jan 2019 10:32 WIB

Ibu-ibu Konangan Nyolong HP nang Mall

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Andrianis Febby (29) ketangkep polisi sak marine konangan nyolong handphone nang toko took klambi mall Surabaya kidul, Selasa (1/1). Aksi warga Singosari Banyuwangi iki kepek karo penjaga toko. Kanit Jatanras Polrestabes Surabaya AKP Agung Widoyoko ngomong, aksine iku konangan sak marine penjaga toko curiga pas tersangka teko. "Moduse pura-pura tuku klambi karoan ndelok barang nang mejo toko trus pura-pura dulinan handphone," jarene AKP Agung Widoyoko lewat telpon, Kamis (3/1). Pas korban gak ngereken, tersangka njupuk handphone seng sek dicas nang mejo toko. Jarene Agung, aksi tersangka iki kerekam CCTV. Sak marine korban sadar HPne ilang, dee langsung ngejer pelaku. Pas digeledah, onok handphone Xiaomi nggone korban ditemukno nang njero tas tersangka. Selain iku, tiga handphone liyane sisan ditemukno nang tas iku. "Seng situke handphone teko hasil sak durunge, seng loro nggone dee. konangan teko CCTV. Nang panggon iku sering onok (pencurian) dadi pemilik masang CCTV," tambah Agung. Diakoni, Febby nekat ngelakoni aksi kejahatan iku soale kebutuhan ekonomi ngingoni anake dewean sak marine pegatan karo bojone. "Pengakuanne kebutuhan ekonomi. Pengakuanne sekali tok tapi aku yakin luwih teko iku soale dee wes wani nang panggon umum. Tapi teko pengakuanne ping siji, seng jelas faktane dee kebukti ngelakoni pencurian," pungkasane Agung. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU