Kampanye Keselamatan Dalan Ala BPTD Wilayah 11

author surabayapagi.com

- Pewarta

Selasa, 18 Des 2018 10:16 WIB

Kampanye Keselamatan Dalan Ala BPTD Wilayah 11

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Balai Pengelola Transprotasi Darat (BPTD) Wilayah 11 (Jatim) Kementerian Perhubungan Darat kampanye keselamatan dalan nang Surabaya kanggo cara seng unik. Kantor nang ngisore Kemenhub nang Surabaya iki nyelipno pesan lan edukasi keselamatan dalan karo ngadakno cara nggelar wayang. Gak mek iku tok, kantor iki sisan ngejak komunitas motor kampanye keselamatan nang dalan karo savety riding. Berkendara seng aman. "Dalam wayang iku sang dalang njaluk masyarakat nyenengi nyawa karo ngurangi kecepatan. Soale duwure angka kecelakaan dadi keselamatan berkendara iku wajib," jarene Kepala BPTD Hanura Kelana I, Senin (17/12). Kantor Balai dalan iki nutup ruas dalan Gayungan gawe nggelar wayang kulit ambek nekani Ki Dalang Luntoro teko Ngawi. Gak oleh ugal-ugalan nang dalan, matuhi kabeh rambu, lan utamanne ngelengkapi kelengkapan berkendara. BPTD yo nggandeng komunitas motor nang Surabaya, Sidoarjo, Tuban, karo Mojokerto, gawe ngampanyekno berkendara secara savety. Komunitas iki barengan BPTD ngelakoni konvoi savety riding ngitari Kota Surabaya. Sart mulai teko JW Marriott, Tugu Pahlawan, Tunjungan, Taman Bungkul, Darmo, lan finis di kantor BPTD di Jl Gayungan. Kabeh pengguna dalan roda loro utawa papat kudu njogo keselamatan nang dalan. "Sak durunge awak dewe wes ngedukasi masyarakat nang pelajar sisan. Sosialisasi keselamatan dalan terus awak dewe lakoni. Minimal pelajar bakal inget keluarga gawe manut ambek aturan lan gae helm," jarene Hanura. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU