Karyawan THR Surabaya bakal Entuk Pesangon Rp 100 Yuta Per Wong

author surabayapagi.com

- Pewarta

Rabu, 28 Nov 2018 10:32 WIB

Karyawan THR Surabaya bakal Entuk Pesangon Rp 100 Yuta Per Wong

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Sak marine operasional Taman Hiburan Remaja (THR) Surabaya wes ditutup lan disegel paksa Pemerintah Kota Surabaya. Sebanyak 80 karyawan taman hiburan nang Jl Kusuma Bangsa iku nganti saiki sek berstatus mengambang. Karyawan PT STAR tersebut bahkan Gurung entuk pemutusan kerja lan entuk pesangon. Direktur Operasional PT STAR, Didik Harianto ngomong, jarene akhir bulan wingi pihake wes ngelakoni RUPS mbasio gak ditekani karo Pemkot. Rapat iku mutusno kebijakan gawe karyawan PT STAR seng dadi pengelola THR ben mereka isok entuk pesangon. "Awak dewe iki kan onok 80 karyawan. Pas rapat wingi diputusno bahwa karyawan bakalan entuk pesangon masing-masing Rp 100 yuta," jare Didik, Selasa (27/11/2018). Dee ngomong, PT STAR mengalokasikan Rp 8 miliar gae pesangon iki. Mbasio ngunu, pas rapat RUPS tetep diputusno lek mereka gak onok agenda gae onok pembubaran. "Far East Organisation sebagai salah siji pemegang saham siap nalangi duwike sek sebesar Rp 8 miliar gae pesangon karyawan. Mbari ngunu Pemkot bakal dijaluki ganti pesangone berdasarkan komposisi kepemilikan saham," jare Didik. Dengan harapan karyawan gak terkatung-katung soale gak ndang diputus lan ngambang. Amerho lek ngenteni gugatan pemkot mari, pastine malah luweh suwi. Kepala Bagian Perekonomian Kota Surabaya Khalid ngomong, proses gugatan gawe bubarno PT STAR terus ditangani karo Pemkot. Akhir wulan iki, ditargetno gugatan iku isok mlebu nang Pengadilan Negeri Surabaya. Jarene Khalid, keputusan Pemkot gawe bubarno PT STAR wes bulat lan gak isok diubah maneh. Soale Pemkot terus rugi lan dianggep gak nguntungno. "Wulan iki wes mlebu nang PN Surabaya. Asete seng awale Rp 6 miliar saiki garek Rp 1,8 miliar, soale asete wes entek akibat digawe biaya operasional," pungkasane. Rencanae lek onok seng ngekei pesangon gawe karyawan, Khalid ngomong pemberhentian dilakoni per penyegelan THR. Khalid ngomong Pemkot Surabaya ancen gak teko nang RUPS seng digelar karo PT STAR. Amergo, keinginan pemkot ben RUPS iku karo satu agenda yaiku bubarno PT STAR, adakno gak direken. "Awak dewe kepingin proses pengadilan ndang mari. Baru sak marine dikabulno maka onok perhitungan aset antara Pemkot Surabaya sebagai seng duwe saham 37,5 persen lan Fear East Organation (FEO) sebagai seng nyekel saham 62, persen," jarene. Aset seng engkok isok diuangno iku bakal dikei gawe karyawan sebagai pesangon. Nanging, iku kabeh perlu waktu soale kudu ngenteni putusan pengadilan.

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU