Khofifah Gelar Doa Bebarengan nang GBK

author surabayapagi.com

- Pewarta

Kamis, 03 Jan 2019 11:24 WIB

Khofifah Gelar Doa Bebarengan nang GBK

SURABAYAPAGI.com, Surabaya Sak marine ngadakno doa bebarengan gawe bangsa nang Jatim Expo pekan lalu, Khofifah Indar Parawansa bakal gelar doa bersama serupa karo ngumpulno jemaah lima kali lipat. Jemaah terlibat pas iku 24 ribu Muslimat NU. Ketua Umum PP Muslimat NU iku negesno, doa bersama gawe bangsa Muslimat NU tingkat nasional iku bakal diselenggarakno nang Gelora Bung Karno (GBK) pas Minggu (27/1/2019). Targete pengajian iki bakalan dimeloki sebanyak 100 ribu Muslimat NU teko seluruh penjuru Indonesia. "Wingi iku sak Jawa Timur, akhir bulan iki tepate tanggal 27 Januari awak dewe bakalan ngelakoni tingkat nasional nang GBK, pas iki awak dewe sek ngelakoni koordinasi karo Polda Metrojaaya lek diizinno awak dewe bakalan salat tahajud berjamaah sisan di GBK," jarene Khofifah, Rabu (2/1). Jarene tahajud berjemaah iku digelarno soale jemaah Muslimat NU lek onok acara kegiatan nasional nang Jakarta, tengah wengi mereka wes onok nang ibu kota. Biasane para jemaah Muslimat NU iku bakalan singgah nang masjid-masjid gede guna ngenteni acara inti seng digelar mene isuke. "Dadi awak dewe bakalan mulai tengah wengi, hataman quran, laku subuhan bareng-bareng. Lan isuke tanggal 27 Januari awak dewe bakalan buka acara intine," jarene Khofifah. Rencanane acarane bakalan dilangsungno pas isuk. Lan ditargetno isuk pukul 09.00 WIB jamaah Muslimat NU wes isok mulih nang daerah masing-masing. "Targete awak dewe pesertane 100 sewu, lek nang GBK, nang balkon iku mek kuat 78 sewu wong tok. Tapi awak dewe wes technical meeting empat kali, sisi GBK seng rumput bakalan dikei floring," jarene Khofifah. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU