Konangan Nyolong HP, Sempet Ninggalno Barang iki

author surabayapagi.com

- Pewarta

Kamis, 13 Des 2018 10:19 WIB

Konangan Nyolong HP, Sempet Ninggalno Barang iki

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Aksi Hafid (27) pas nyolong handphone demi tukui susu gawe anake gagal soale konangan seng nduwe omah. Pria teko Sidotopo iki kudu mlebu tahanan Polsek Semampir sak marine ketangkep warga nang daerah Wonokusumo Wetan. Hafid konangan mlebu nang ruang tamu omahe korban seng pas iku gak kuncian. Korban seng keturon mau sempet curiga karo suarae wong. "Pelaku niate njupuk handphone seng nduwe omah gawe dijupuk," jarene Kanitreskrim Polsek Semampir AKP Tritiko, Rabu (12/12). Nanging rencana iku gak sido soale seng nduwe omah tangi lan konangan pelaku. Korban trus bengoki maling, sampek nggarai panik tersangka lan akhire kabur. Dilanjutno Tritiko, tersangka sisan ninggalno motor seng parkir lan kabur nang gang perkampungan. Sampek akhire bengokane korban krungu nang warga lan nangkep tersangka. Teko penangkapan iku, Hafid sempet dadi bulan-bulanan warga, untunge polisi cepet ngamanno tersangka. Kepada polisi, tersangka Hafid nekat nyolong soale kepepet kebutuhan anak gawe tuku susu. "Pengakuannya gawe tuku susu anake," jarene AKP Tritiko.

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU