Kue Pernikahan Saiki Luwih Beragam

author surabayapagi.com

- Pewarta

Kamis, 17 Jan 2019 10:23 WIB

Kue Pernikahan Saiki Luwih Beragam

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Selain gaun, make up lan dekorasi pernikahan, pernik liyane sing gak kalah penting yoiku wedding cake utawa kue pernikahan. Podo koyok pernak-pernik liyane nang acara pernikahan, tren kue yo terus berubah ben tahun. Tahun 2019, kue pernikahan jarene Michelle Haryono, Cake Desainer Femys Cake gak kudu bentuke bulet, koyok sing dadi favorit masyarakat Tiongkok soale nduwe arti everlasting. "Permintaan cake gak bentuk bulet maneh. Saiki akeh sing luwih seneng cake beragam bentuk, modern lan rustic. Mbiyen bulet, saiki kape njaluk lubang, macem-macem," jarene Michelle. Selain bentuk, para pasangan pengantin pingin cake dengan warna luwih wani. Gak warna putih lan pink gold maneh, tapi pengantin saiki seneng warna-warna koyok ungu karo peach, cake ireng ambek kristal-kristal nang njerone. Sementara ornamen kembang saiki wes ketinggalan, dadi cake luwih nggae struktur nang body cake karo cetakan brokat luwih akeh. Michelle nambahno tren cake 2019 Indonesia jsrene dipengaruhi ambek gaya Dubai. "Mereka melok gaya pernikahan Dubai, biasane wong Indonesia yo nggae cake sing dukure 7 nganti 8 susun, gae acara ballrom. Lek western cake mek 2 opo 3 susun wes cukup, mereka luwih simpel," pungkasane. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU