Maling bobol Omah, Nyolong Handphone karo Duwik

author surabayapagi.com

- Pewarta

Kamis, 29 Nov 2018 14:10 WIB

Maling bobol Omah, Nyolong Handphone karo Duwik

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Tim Anti Bandit Polsek Gayungan Surabaya nangkep Choirurroji (31), pelaku pembobolan omah milik mantan majikane nang Jl Bambe Dukuh Mananggal, Surabaya. Kanit Reskrim Polsek Gayungan Surabaya, Iptu Philips R Ropung jelasno, pelaku pembobolan omah nang panggon korban ngendarai motor Supra L 4372 S. Pelaku pembobolan omah iki mlebu nang omahe korban lewat lawange pawon. Pas iku, omah;e korban posisine sepi gak onok uwong. "Pelaku njupuk handphone Samsung milik korban seng di charger nang ruangan mburi," ungkap Philips, Kamis (29/11/2018). Philips ngomong, pelaku pembobolan omah nggowo ponsel curiane nang counter handphone nang kawasan Ramayana Bungurasih Sidoarjo gawe nang software ulang. Hal iki dilakoni ben isok ngilangno jejak. "Pelaku nggawe ponsel curian gawe didol maneh," pungkasane. Ditambahi maneh, kasus iki awale pas korban tutuk nang omah;e, adakno Handphonee ilang dicolong wong. Saksi mata tonggone korban sempet ndelok pelaku metu teko omahe. Mergo iku, korban ngelaporno kejadian iki nang Polsek Gayungan Surabaya. "Pelaku ngakui perbuatane nyolong ponsel. Pelaku yo tau nyolong duwik nang panggon seng podo," pungkasane.

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU