Onok Dukun Pengganda Duwik Palsu nang Probolinggo

author surabayapagi.com

- Pewarta

Jumat, 28 Des 2018 11:34 WIB

Onok Dukun Pengganda Duwik Palsu nang Probolinggo

SURABAYAPAGI.com, Probolinggo - Manda Usman Ashari (23) tersangka penipuan berkedok dukun palsu pengandaan uang sampek puluhan juta nang Probolinggo ternyata residivis kambuhan. Tersangka seng jek ket metu teko penjara sak marine ngelakoni hukuman nang Lembaga Pemasyarakatan Probolinggo. Tersangka warga Dusun Krajan, Kelurahan Menyono Kecamatan Kuripan, Kabupaten Probolinggo iku terlibat kasus serupa yoiku penipuan modus penggandaan duwik. Kasubdit III Jatanras Polda Jatim, AKBP Leonard Sinambela njelasno tersangka tau ditangkep dalam kasus serupa nang Polres Probolinggo pas tahun 2016 mbiyen. Mendekam nang njero sel penjara gak nggarai tersangka kapok sampek mbalek ngelakoni aksine menipu korbane karo cara penggandaan duwik. Rong wulan wingi tersangka jek ket metu teko penjara sak marine ngelakoni hukuman penjara, jarene nang Mapolda Jatim, Jumat (28/12). Leo ngomong, selama metu teko penjara aktivitas tersangka dalam pantauan anggota Ditreskrimum Polda Jatim. Mbasio ngunu, tersangka justru mbalek beraksi ngiming-ngimingi korban bakalan ngelipatgandakno duwik Rp 800 ribu sampek Rp 3 juta dadi ratusan juta. Tersangka selama bulan November wes nipu tiga korban, jarene. Rata-rata korbane terpedaya karo kemampuan tersangka seng kerjo dadi paranormal iku soale ketipu modus ritual nekani duwik gaib. Tersangka ngeyakinno korban ambek cara ngelakoni ritual nekani duwik gaib sampek ratusan juta nang ngarepe korbane. Padahal, tersangka seng njupuk segepok duwik gaib teko kardus iku adakno duwik mainan lan potongan kertas. Tersangka ditangkep pas ngelakoni ritual penggandaan duwik nang omah korbane, pungkasane Leo. Sak durunge, anggota Subdit III Jatanras Direktorat Reserse Kriminal Umum Polda Jawa Timur mbongkar kasus penipuan berkedok dukun palsu pengandaan duwik. Penangkapan seng dipimpin Kanit 3 Ranmor Subdit III Jatanras Ditreskrimum Polda Jatim, Kompol Jame F Sampouw iku nangkep tersangka dukun palsu pengganda duwik. Tersangka njaluk duwik berdalih gawe biaya ritual sampek mencapai Rp 21 juta. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU