Opo Status Hukum gawe Siswi seng Mateni Bayine Dewe?

author surabayapagi.com

- Pewarta

Senin, 14 Jan 2019 11:16 WIB

Opo Status Hukum gawe Siswi seng Mateni Bayine Dewe?

SURABAYAPAGI.com, Tulungagung - Polisi wes ngelakoni otopsi kanggo jasad bayi seng dibunuh karo terduga ibune, Kiki (16), jeneng samaran seng siswi nang Tulungagung. Hasile, bayi panjang 49 sentimeter lan berat 2,8 kilogram iku adakno dicekik sampek mengakibatkan mati lemas. Kasat Reskrim Polres Tulungagung, AKP Hendro Tri Wahyono jelasno, pihake sek bakal ngelakoni gelar perkara dino iki, Senin (14/1). Gelar perkara iki gawe mutusno status hukum teko terduga pelaku. Isok ae terduga pelaku statuse dimunggahno teko saksi dadi tersangka. Luwih lengakape bakalan awak dewe sampekno sak marine gelar perkara, jarene Hendro. Hendro nambahno, pihake kudu ati-ati dalam nangani perkara iki, soale Kiki sek arek. Penyidik bakalan tetep ngedepanno hak anak, koyok nang Sistem Peradilan Pidana Anak. Tapi Hendro gak wani mastikno, opo perkara iki isok diversi utowo gak. Tetep awak dewe perlakukan koyok anak. Hak-hak dee dadi anak tetep diperhatikno, jarene Hendro. Hendro ngomong, pihake wes njaluk keterangane Kiki. Teko pengakuanne, wong seng ngehamili yoiku konco sekolahe. "Wong loro iku sek podo di bawah umur," tambahe. Sak durunge Kiki teko nang Puskesmas Kauman Kamis (10/1) sekitar pukul 18.45 WIB ambek ngeluh loro weteng nembus nang punggung. Sekitar pukul 20.30 WIB Kiki pamit nang toilet gawe buang air besar. Tapi Kiki diduga ngelahirno bayi, ambek berusaha dibuang nang njero closet. sikile bayi wes mlebu nang njero closet, tapi bagian tubuh atas sek nang njobo closet. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU