Organisasi iki Dukung Arek Enom nang Pilwali Surabaya

author surabayapagi.com

- Pewarta

Kamis, 20 Des 2018 10:44 WIB

Organisasi iki Dukung Arek Enom nang Pilwali Surabaya

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Ndelok bonus demografi nang Surabaya karo tantangan revolusi 4.0 nang ngarep mata, Pergerakan Mahasiswa Islam Indonesia (PMII), Gerakan Mahasiswa Nasional Indonesia (GMNI) lan Himpunan Himpunan Mahasiswa Islam (HMI) nang Jawa Timur ndukung lan ndorong arek enom gawe maju nang Pilwali Surabaya 2020. Berdasarkan rilis seng dikirimno, Kamis (20/12), mereka berpendapat Surabaya iku role model gawe daerah-daerah nang Jawa Timur. Ketua HMI Jatim, Yogi Pratama njelasno, Surabaya wes wayahe dipimpin arek enm ben dadi tonggak pembangunan masa depan. "Wong seng mimpin kota Surabaya iki kudu visioner lan progresif, lan iku onok nang arek enom, soale solusi pemerintahan yo arek enom iku," jarene. Sementara iku, Ketua DPD GMNI Jatim, Nabrisi Rohid ndelok kolaborasi antara arek enom karo kalangan senior yo kudu dilakoni, soale bakalan onok keseimbangan lek hal iku kejadian. "Gak mesti wali kota ambek wakil wali kotanne teko arek enom. Minimal, satu di antaranne, cek seimbang, aku mikir arek enom iki yo kudu tampil dalam persoalan Pilkada," pungkasane. Ketua PMII Jatim, Abdul Ghoni menilai, arek-arek enom iki yo kudu njupuki akeh peran nang bidang politik. "Peran arek enom saiki dienteni, antipati ambek politik iku pilihan seng salah," jarene. Gawe sosok arek enom seng kepingin mereka ndukung nang Pilwali Kota Surabaya, arek telu iku gurung mempublikasikno. Mereka yo sek menginventarisir karo ngelakoni kajian-kajian gawe ndelok tokoh-tokoh seng pantes mereka usung. "Artine iki peluang gawe Surabaya gawe mulai proses pembangunan karo nyiptakno youth government. Maksute, pemetintahane iku dipimpin karo arek-arek enom," pungkasane. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU