Pelatih Anyar Arema FC Dilarang Ngelakoni iki

author surabayapagi.com

- Pewarta

Kamis, 27 Des 2018 11:31 WIB

Pelatih Anyar Arema FC Dilarang Ngelakoni iki

SURABAYAPAGI.com, Klojen - Bulan Januari tahun 2019 bakalan teko. Pas Januari engkok, tim Arema FC bakalan ngenalno pelatih anyar mereka gawe musim ngarep. Gawe pelatih anyar engkok, pastine gak isok sak karepe dewe ngelakoni perubahan dalam tubuh Singo Edan. Bahkan disampekno General Manager Arema FC, Ruddy Widodo, onok beberapa larangan utowo pantangan seng gak oleh dilakoni pelatih anyar engkok, salah sijine diantarane yoiku ngubah skuad utama seng onok nang tim, seng wes kebentuk nang musim 2018 wingi. "Tujuan utamane awak dewe yoiku mempertahanno 90 persen pemain musim 2018 yoiku njogo skuad seng wes mulai kebentuk. Dadi pastine pelatih seng bakalan teko engkok kudu berkomunikasi karo tim pelatih seng onok, gak isok asal rombak utawa ngubah tim utama seng wes onok," kata Ruddy Widodo, Kamis (27/12). Selain gak diolehno ngotak atik tim utama seng terdiri teko Hamka Hamzah, Makan Konate, Arthur Cunha, Johan Farizi lan beberapa pemain liyane, pelatih anyar sisan diwajibno isok njalin komunikasi karo asisten pelatih lan pemain. "Keharmonisan nang njero lan nang njobo lapangan iku penting soale bakalan berpengaruh ketika tim engkok berlaga, dadi iku sisan perlu dipahami," jarene. Sejauh iki sek onok papat kandidat pelatih seng bakalan menahkodai Arema FC, mereka yoiku Wanderley Junior, Milomir Seslija, Milan Petrovic lan Rahmad Darmawan. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU