Pemkot Nggolek Lahan Gawe Pengunjung Kota Tua

author surabayapagi.com

- Pewarta

Selasa, 22 Jan 2019 10:24 WIB

Pemkot Nggolek Lahan Gawe Pengunjung Kota Tua

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Kepala Dinas Perhubungan Kota Surabaya Irvan Wahyudrajad negasno sak marine penertiban pedagang, Jalan Panggung dijogo ketat ambek jajaran Satpol PP lan Linmas selama 24 jam. Hal iki dilakoni gawe mencegah pedagang dodolan maneh nang daerah sekitar Jalan Panggung sing saiki ditata gawe didadikno kawasan wisata Kota Tua. Gak mek pedagang, nang dalan iku saiki yo dilarang gawe ngelakoni aktivitas bongkar muat barang sing biasane onok pedagang nang ngarepe Pasar Pabean. "Sing oleh melintas iku kendaraan cilik, guduk kendaraan bongkar muat. Sedangkan sing bongkar muat dialihno nang Jalan Kaimati Timur," jarene Irvan, Senin (21/1). Mulai minggu wingi disosialisasi nang warga lan pedagang. Sedangkan gawe berlakukno efektife mulai wulan ngarep. Gak mek iku tok, Irvan ngomong, pihake saiki sek golek alternatif lahan gawe dikaji dadi panggon parkir gawe pengunjung wisata nang Kawasan Kota Tua, Jalan Panggung. Kemungkinan panggon parkir iku katene ditempati nang sekitar Jalan KH Mas Mansyur. "Problem utama ancen parkir. Sedangkan golek lahan parkir yo gak gampang. Awak dewe sek goleki kawasan iki aset pemkot sing isok digunakno gawe parkir," pungkasane. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU