Penganiaya Anak Tiri Njaluk Keringanan Hukuman

author surabayapagi.com

- Pewarta

Kamis, 03 Jan 2019 10:46 WIB

Penganiaya Anak Tiri Njaluk Keringanan Hukuman

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Terdakwa kasus penganiayaan karo anak tiri, Sunarsih, ngelakoni sidang lanjutan nang Ruang Candra Pengadilan Negeri (PN) Surabaya, Rabu (2/1) sore. Terdakwa ketokane sedih mek sesekali mesem pahit pas onok rekan seng podo terpidana ngejak guyonan sak durunge lunggu nang kursi pesakitan. Sidang dipimpin karo Ketua Majelis Halim, Slamet Riadi lan Jaksa Penuntut Umum (JPU), Siska Christina. Dalam sidang, Sunarsih njaluk belas kasih ambek hakim terkait tuntutan jaksa 15 bulan. Gak atek suwi-suwi, Sunarsih bahkan nangis tersedu-sedu pas diwacakno nota pembelaane. Emane, keinginan Sunarsih bertepuk sebelah tangan. Soale, hakim nolak pembelaan (pleidoi) seng diwacakno iku. Duh, ojok koyok ngunu Bu," sela Slamet pas Sunarsih macakno pleidoine, Rabu (2/1). Gak kesuen, Slamet nasehati Sunarsih maneh pas macakno pledoine. "Iki (pledoi) engkok angel lek dilampirno nang putusan, lanjutne. Sunarsih nulis nota pembelaanne nang buku tulis, guduk nang selembar kertas tok koyok terdakwa liyo. Sunarsih dilaporno beberapa warga Jalan Wonokusumo Surabaya sak marine kebukti nyiksa anak tirine dewe. Sak marine ketangkep, baru konangan wong iki gak mek ngelakoni sekali. Seng nemen maneh, aksi penyiksaan iku dilakoni Sunarsih bolak-balik karo cara beragam, mulai ngelempar benda nang punggung, sampek nyubit nggarai lebam nang beberapa bagian awake anak tirine. Akibat ulahe iku, korban ngalami lebam nang beberapa bagian awake. Saiki, Sunarsih kudu mempertanggungjawabno perbuatanne nang penjara. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU