Peringatan Haul Gus Dur ke-9 Gusdurian Digelar karo Komika

author surabayapagi.com

- Pewarta

Rabu, 16 Jan 2019 10:39 WIB

Peringatan Haul Gus Dur ke-9 Gusdurian Digelar karo Komika

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Komunitas Gusdurian peringati Haul Gus Dur ke-9, nang Balai Budaya Cak Durasim, Surabaya, Selasa (15/1). Acara berlangsung ket Senin (14/1) nganti Selasa (15/1) acara Haul Gus Dur ke-9 sing saiki sengojo ngoone nang gedung kebudayaan. "Awak dewe kepingin nggowo acara iki gak mek mandek nang ruang ibadah, cek dadi bagian teko gerakan kebudayaan sebagai upaya perubahan pemikiran dadi luwih apik," jarene Yuska Harimurti, Kordinator Gusdurian Surabaya, pas pembukaan acara. Yuska njelasno, acara iki ngelibatno arek-arek lintas budaya, baik Tionghoa, Katolik, Islam, Budha, Hindu, lan Konghucu. "Teko biaya lan kepanitiaan kabeh gotong royong. Koyok visi pendamping awak dewe, mbak Alissa Wahid dadikno Gusdurian gerakan seng bergerak nang bidang civil sociaty," jarene. Bedo karo taun sak durunge, kemeriahan Haul Gus Dur ke-9 karo Komunitas Gusdurian iki melibatkan puluhan komika. Bahkan tersedia sisan lomba stand up comedy, bermuatan politik kebangsaan. "Gus Dur iku Maha Gurune stand up comedy. Iki sekaligus ngilingno lek Gus Dur gak tau ucul teko humor," tutup Yuska. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU