Petugas Pemadam Kebakaran Kecele Ping Loro

author surabayapagi.com

- Pewarta

Senin, 14 Jan 2019 10:32 WIB

Petugas Pemadam Kebakaran Kecele Ping Loro

SURABAYAPAGI.com, Surabaya Gurung tau onok kejadian kebakaran seng melanda pemukiman Patemon, Sawahan, Surabaya. Masalahe, terhitung wis ping loro, kejadian petugas PMK Surabaya kecele pas entuk panggilan darurat nang wilayah Petemon. Seinget Andi, Ketua RT 7 RW 13 Jalan Simo Sidomulyo, Petemon, Sawahan Surabaya, kasus PMK kecele biyen tau kejadian. Kejadian pertama, nang wilayah Petemon Gang Papat, tepate nang sisi utara teko gang kekuasaanne. Andi ngomong, PMK Surabaya sempet entuk telpon teko wong pelapor seng jenenge gak diketahui. Saat PMK Surabaya wes teko nag panggon kebakaran, adakno telpon laporan darurat iku telpon darurat fiktif. Soale kebakaran kebukti gak kejadian. "Sampek saiki gak ero wonge, padahal PMK wes teko gowo mobil tapi gak seakeh iki," jarene, Minggu (13/1). Kejadian kedua. Tepate pas dino Minggu (13/1), wong jenenge Anindita nelpon Call Centre 112 soale ndelok onok asep pekat warna ireng mbumbung tinggi. Tapi gawe kejadian iki, Andi maklum lek Anindita seng gak isok sepenuhe disalahno. Andi nerangno, Anindita diakui dalam kondisi panik, soale ndelok langsung asepe seng begitu tebal muncul teko balik tembok mburi omahe Hansen, tonggone nang Jalan Pacuan Kuda RT 01 RW 13, Petemon, Sawahan. Kepanikan Anindita, jarene Andi wajar, soale nang sisi lor omah Hansen onok area parkir umum, seng onok mobil-mobil warga parkir nang kono. "Dee gak salah, soale ancen onok asepe, lan wedi merembet," pungkasane. Justru, lanjut Andi, seng kudune disalahno yo seng nduwe omah jenenge Hansen. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU