Polres Batu Evaluasi Parkir Pinggir Dalan ambek Panggon Wisata

author surabayapagi.com

- Pewarta

Jumat, 04 Jan 2019 11:50 WIB

Polres Batu Evaluasi Parkir Pinggir Dalan ambek Panggon Wisata

SURABAYAPAGI.com, Kota Batu Akeh titik kemacetan nang Kota Batu pas preian Natal 2018 lan Tahun Baru 2019 akibat tempat wisata seng gak siap ngatasi masalah jangka panjang. Hal iku terungkap nang hasil evaluasi Operasi Lilin Semeru 2018 seng dikandani karo Polres Batu. Misale kemacetan nang sekitar Jatim Park (JTP) 3 seng dadi nang antara titik kemacetan paling nemen. Kabag Ops Polres Batu, Kompol Endro Sujiat ngomong, mayoritas kemacetan iku soale pintu gae metu lan lan lawing gae mlebu wisata gak efisien. Jarene, kudune pintu gae metu JTP 3 gak berdekatan karo pintu mlebu. Opo maneh onok nang cideke dalan gede. Asline pintu gae metu khusus ben gak saling berebut dalan karo pengendara nang jalan utama, pungkasane Endro, Kamis (3/1). Selain iku, badan dalan sisan digunakno gawe lahan parkir. Kudune pengelola panggon wisata kudu nyiapno lahan parkir gawe ngantisipasi melonjake jumlah wisatawan. Jarene, titik kemacetan yo onok nang Jalan Sultan Agung, karo dalan nang arah Songgoriti. Justru kemacetan nang Pertigaan Pendem, lan Pertigaan Bendo gak terlalu nemen, tambahane. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU