Puluhan Omah nang Desa Penjor Rusak Diterjang Angin

author surabayapagi.com

- Pewarta

Kamis, 10 Jan 2019 11:24 WIB

Puluhan Omah nang Desa Penjor Rusak Diterjang Angin

SURABAYAPAGI.com,Tulungagung - Angin puting beliung ngerusak puluhan omah nang Desa Penjor, Kecamatan Pagerwojo, Rabu (9/1) magrib. Atap omah warga berterbangan kegowo angin kenceng berputar-putar teko arah wetan laut. Bekas amukan angin iki keroso pas mlebu nang desa iki teko arah Tulungagung. Akeh atap asbes berserakan nang dalanan. Teko adoh wes ketok atap omah-omah warga seng ilang diterbangno angin. Sekretaris Desa Penjor, Pranoto ngomong, jumlah sementara seng terdata saiki onok 28 omah seng rusak. Jumlah iki ngeliputi dua dusun, yoiku Dusun Pabyongan lan Selogiri. Sedangkan data teko Dusun Krajan Gurung termasuk pendataan. "Jumlah kerusakan kemungkinan nambah, soale sak dusun Gurung mlebu," jarene Pranoto, Kamis (10/1). Selain iku onok papat kandang sapi rata karo tanah. Puluhan sapi milik warga terluka soale tertimpa material kandang. "Gak onok sapi seng mati. Tapi akeh seng terkilir sampek luka terkena bangunan seng ambruk," tambah Pranoto. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU