Risma Gratisno Siswa Jenjang SMA/SMK di 2019

author surabayapagi.com

- Pewarta

Jumat, 18 Jan 2019 10:29 WIB

Risma Gratisno Siswa Jenjang SMA/SMK di 2019

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Wali Kota Surabaya Tri Rismaharini nduwe cara dewe gae meminimalno arek-arek Surabaya sing putus sekolah nang jenjang SMA/SMK. Yaopo carane? Menurut Wali Kota sing penuh prestasi bergengsi tingkat internasional iku, Pemkot Surabaya katene mbangun gedung SMA swasta. Wali Kota Risma gratisno siswa jenjang SMA/SMK gae njogo ben anak-anak Surabaya isok terus menempuh pendidikan. "Awak dewe katene gae SMA swasta, tapi kualitase podo ambek SMK. Dadi bakal akeh pelatihanne sehingga pas wes lulus sekolah, wes isok langsung siap kerjo," jare Wali Kota Risma, Rabu (16/1). Gak mek iku tok, Pemkot sisan katene nyiapno sertifikasi keahlian gawe siswa lulusan sekolah iku. Ben para lulusan isok langsung kerjo, Wali Kota Risma nggandeng perusahaan milik negara lan milik daerah, yoiku BUMN, BUMD, serta kalangan perusahaan swasta. "Sekolah iki gratis. Khusus gawe arek-arek sing rentan putus sekolah. Aku pingin isok ngulangno angka putus sekolah nang jenjang SMA/SMK," tambah Wali Kota Risma. Gak mek iku tok, politisi PDIP iki yo ngomong lek Pemkot siap nyediakno akses transportasi gawe para siswa sing katene sekolah nang kene. Dadi mereka sing omahe adoh jarake teko sekolah tetep isok menjangkau lan gak terbebani biaya transportasi ben dinone. Luwih lanjut terkait fasilitas SMA swasta sing didirikno Pemkot Surabaya iki, Wali Kota Risma njamin fasilitase akan lengkap lan memperbanyak laboratorium. "Fasilitase lengkap, khususe laboratorium, koyok bengkel. Dadi ben isok akeh praktik mereka," jarene Risma. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU