Running Text Bank Jatim Koyok’e Di-hack

author surabayapagi.com

- Pewarta

Senin, 21 Jan 2019 11:33 WIB

Running Text Bank Jatim Koyok’e Di-hack

SURABAYAPAGI.com, Gresik Papan informasi Bank Jatim nang Halte Jl Jaksa Agung Suprapto Gresik koyokane diserang hacker. Nang papan elektronik iku onok tulisane Mr Cr33py- Hacked by Cybong Team. Running text dipasang nang halte ngarepe SMP Negeri 1 Gresik, Jl Jaksa Agung Suprapto Kecamatan Gresik biasane isi tulisane Bank Jatim. tapi, wes pirang dino ganti tulisane dadi Mr Cr33py- Hacked by Cybong Team. Wes pirang-pirang dino tulisane ganti dadi ngunu (Mr Cr33py- Hacked by Cybong Team), jarene warga kunu pas mlaku-mlaku, Minggu (20/1). Papan running text nang Halte Jl Jaksa Agung Suprapto onok tulisane Mr Cr33py- Hacked by Cybong Team, sedang nang Halte ngarepe Pemkab Gresik running text terpantau mati. Kepala Dinas Perhubungan Kabupaten Gresik Nanang Setiawan nyaranno gawe konfirmasi langsung nang bank Jatim, soale running text iku guduk nggone dishub. Lek iku sek njaluk lan catatan asete nang Dishub. Ben mene dikoordinasikno karo pihak Bank Jatim, jarene Nanang. Sedang Humas Bank Jatim pas dikonfirmasi lewat telepon selulere ngaku Gurung ero. Sepurane, aku tak lapor sek. Engkok ditindak lanjuti. Suwon atas infone, jare Heni, Humas Bank Jatim. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU