Sejarah Pabrik Bir neng Suroboyo

author surabayapagi.com

- Pewarta

Selasa, 08 Jan 2019 21:46 WIB

Sejarah Pabrik Bir neng Suroboyo

Dulur, podo tau ngerti gak lek neng Suroboyo iki mbiyen onok pabrik Bir terkenal? Lek durung, ayo moco artikel iki dhisik. Pabrik bir ning Suroboyo iki mbiyen terkenal sebagai pabrik bir terbesar neng Hindia Belanda (zaman penjajahan). Sakdurunge onok Rungkut Industri (SIER), kawasan Ngagel mbiyen iku kawasan industri masio panggone pinggiran. Nah, pabrik bir iku panggone neng Ngagel. Pabrik iku jenenge rodok angel ditulis yo rodo angel diwoco. Jenenge Nv. Nederlandsch Indische Bier Browerij, mulai dibuka taun 1929. Pasti durung podo lair! Podo! 21 November 1931, pabrik iku mulai memasarkan produk e neng pelosok-pelosok. Akhire wong-wong podo ngerti, wong-wong yo podo seng akeh seneng seneng. Pokok e, angger onok acara opo, bir gawenan Nv. Nederlandsch Indische Bier Browerij pasti dadi konco mangan, konco pesta, opo konco cangkrukan bareng. Ga koyok jaman saiki seng cakruk ane ngombe Marimas. Eh ndilalah! Ga suwe bir iki laris manis, pabrik e malah gulung tikar alias bangkrut! Lho kok iso? Taun 1937, meh kabeh negoro neng dunyo iki mengalami krisis moneter seng ngueri. Jaman krisis iku mau dikenal sebagai jaman Malaise (Jaman Depresi Besar, Great Depression). Pas jaman iku, krisis ekonomi iso koyok awu. Maksud e, iso nyebar neng ndi-ndi termasuk negoro-negoro liya. Nv. Nederlandsch Indische Bier Browerij akhire diambil alih karo perusahaan gedhe bir seng jenenge Heineken. Nah iki pasti eruh kabeh bir iki. Lek gak eruh, Heineken iki yo jeneng liya tekan Bir Bintang. Lek ga eruh Bir Bintang, wes ancene level e sampean iku es siwalan. Tekan Bitjiu dadi Ciu Pas Jepang teko neng Indonesia, akeh perusahaan lan pabrik-pabrik diambil alih karo Jepang. Onok cerito unik perkoro bitjiu. Pabrik bir Ngagel iku mau yo diambil alih Jepang. Jenenge seng ga karu-karuan angel iku mau diganti dadi Nippon Bitjiu Kasai. Pabrik bir iku mau karo tentara Dai Nippon ga dirubah blas citarasane. Amarga Jepang jek muleg ae mikir Perang, ga sempat ngurusi bir. Tapi, wong-wong Jepang tau nggawe formula bird ewe seng dicampur bir iki, karo bir iku. Bir hasil formula gabungan mau iku jenenge bitjiu. Merga ne wong Jowo mesti kangelan ngomong bitjiu, akhire bir oplos mau dijenenge ciu karo wong-wong Jowo. Wes, artikel iki wes mari. Tulung mbari moco iki ojok ngombe bir opo miras merek opo ae.

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU