Sejarah Tanjung Perak

author surabayapagi.com

- Pewarta

Kamis, 10 Jan 2019 21:40 WIB

Sejarah Tanjung Perak

Seng cilikane urip neng Suroboyo mesti tau krungu lagu Tanjung Perak tepi laut. Jaman mbiyen lagu iku onok plesetane koyok ngene: Tanjung perak tepi laut. Siapa suka boleh ikut. Ini rambut,ini janggut, ini sikut,ini perut, Bawah perut... ada......... Wes, wes, engko pikirane dadi ga karuan. Nah, dino iki SP online bakal nyritakne sejarah singkat Tanjung Perak Suroboyo. Ket mbiyen nganti saiki, Suroboyo iku panggone wong dodolan. Dodolan beras, dodolan sayur, dodolan alat-alat dapur, wes akeh pokoke. Bakul rica-rica nyambik ae onok neng Suroboyo. Seng ga onok paling yo RW seng dimasak sayur kol. Monggo dulur browsing dhisik yen kepengen eruh RW iku opo maksud e. Nah, sebab e opo kok Suroboyo surgone wong dodolan, soale kutho iki dilewati kali gede lan pinggire laut. Ket jaman Kerajaan Kadiri, mbiyen jeneng Suroboyo iku ga teko iwak Suro lan Boyo sek, tapi jenenge Ujung Galuh. Pas jamane Majapahit, Ujung Galuh iki dadi koyok jantunge perdagangan laut. Pas Belanda teko neng Indonesia dimulai karo VOC, Suroboyo mbiyen durung onok pelabuhane. Yo sakjane onok, tapi yo sebates panggonan labuh. Panggonan labuhe kapal iki karo wong-wong seng singgah neng Ujung Galuh dijuluki Pelabuhan Krempyeng seng lokasine mbiyen neng cedake Jembatan Merah. Lho lapo kok jenenge Pelabuhan Krempyeng. Yo embuh lek iku. Selain iku, Suroboyo yo nduwe pelabuhan siji maneh seng jenenge Pelabuhan Kalimas. Letak e onok neng pinggirane Kalimas. Jaman mbiyen, Lur, Kalimas iku ancene panggon seng paling terkenal gawe perdagangan lan labuhe kapal-kapal. Kok iso Kalimas iku terkenal jaman mbiyen, soale muarane Kalimas iku langsung neng Selat Madura lan Laut Jawa. Dadi posisine Kalimas iku pas pol: ngalir neng tengah kutho sampe neng laut njobone Suroboyo. Tapi iki onok tapi ne, Dulur. Masio pelabuhan Kalimas karo pelabuhan krempyeng iku mau terkenal neng pedagang-pedagang, tapi fasilitase ga memadai. Nah, pas Belanda teko neng Suroboyo pertama kali, lambat laun londo-londo iku menetap, akhire pemerintah Hindia-Belanda gawe rancangan mbangun pelabuhan khusus seng jenenge Surabaya Harbour. Lho lapo kok jenenge gak langsung Tanjung Perak? Dulur, Tanjung Perak iku jeneng keduane Surabaya Harbour. Tanjung Perak diresmikan karo Presiden Soeharto bersamaan karo Tanjung Mas. Menurut sejarah, Surabaya Harbour iki ono 3 jenjang pembangunan. Pembangunan pertama tahun 1910. Pembangunan kedua tahun 1913 Pembangunan Ketiga 1916. Tahun 1920, lagek diresmikan karo pemerintah Hindia Belanda. Pelabuhan Tanjung Perak iki pas jaman Hindia Belanda, dadi jantunge perekonomian Suroboyo. Neng pelabuhan iki ga cuma lewat kapal-kapal domestik, tradisional lan asing, tapi yo terhubung karo beberapa jalur transportasi koyok trem. Berikut armada laut seng onok neng Tanjung Perak jaman mbiyen: · 507 buah kapal gendera Belanda · 20 buah kapal gendera Inggris · 5 buah kapal gendera Amerika Serikat · 3 buah kapal gendera Denmark · 7 buah kapal gendera Prancis · 2 buah kapal gendera Belgia · 4 buah kapal gendera Hamburg · 6 buah kapal gendera China · 1 buah kapal gendera Serawak · 21 buah kapal soko Bali.

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU