STIE Perbanas Ngadakno Jobfair Gratis

author surabayapagi.com

- Pewarta

Jumat, 16 Nov 2018 10:37 WIB

STIE Perbanas Ngadakno Jobfair Gratis

SURABAYAPAGI.com - Selama rong dino sampek 16 November 2018, STIE Perbanas Surabaya ngadakno Job Fair seng judule Perbanas Banking Jobfair, Kamis, (15/11/2018). Jobfair gratis iki berlangsung nang Auditorium STIE Perbanas mulai jam 09.00 sampek 15.00 WIB. Sebanyak 1.200 luweh wong golek kerjoan (job seeker) ngebeki auditorium. Kegiatan iki bekerjasama karo Perbanas HRD Club. Syarate kudu gowo hasil cetak registrasi online nang link http://register-jobfair. perbanas.ac.id. Kegiatan seng dilakoni ping loro nang tahun 2018 iki dikhususno gawe kategori lapangan kerja khusus bidang perbankan baik nang Bank Konvensional utawa syariah. Ketua Perbanas Career Centre (PCC), Chitra Laksmi Rithmaya, SE., MM., nuturno Jobfair iki wes dilakoni ping-22 kali lan kegiatan iki rutin dilakoni setahun ping loro sak marine wisuda. Tujuan acara iki digelar gawe memperpendek masa tunggu lulusan sampek mereka isok nyambut gawe luweh cepet. Mereka (Jobseeker) perlu nyiapno fisik lan penampilan. Selain iku, dokumen-dokumen lamaran kerja, lan seng pasti kudu ero lowongan seng dipingini, pungkasane. Berbagai lowongan onok gae para pelamar kerja seng pingin sukses nang dunia perbankan. Lowongan ini isok gawe fresh graduate utawa seng wes berpengalaman gawe nempati macem-macem jabatan, antara lain, Account Officer, Marketing, Relationship Manager, Account Officer, Teller, Customer Service, lan seng liyane.

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU