Taman Wonosari Surabaya Kurang Apik Gawe Arek Cilik

author surabayapagi.com

- Pewarta

Rabu, 14 Nov 2018 13:17 WIB

Taman Wonosari Surabaya Kurang Apik Gawe Arek Cilik

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Langkah Pemerintah Kota Surabaya seng bermaksud ngapikno wilayah bantaran sungai entuk kritikan teko warga. Khususe warga kawasan Wonokusumo lan Semampir. Iki soale sungai Wonosari nang dalan Wonosari Kecamatan Semampir dikei nggon bermain anak koyok taman bermain. Nanging, emane taman bermain anak seng disediakno karo Pemkot justru dinilai ngebahayakno arek cilik-cilik. Nang bantaran sungai Wonosari wes onok limang wulan iki dikei taman bermain nang dua lokasi. Seng masing-masing lokasi dikei dua buah ayunan lan dua buah mainan perosotan. Taman bermain iki disenengi arek cilik-cilik nang kawasan pemukiman padat iku. Arek cilik-cilik akeh seng manfaatno dulinan iku gawe dulin pas awan lan sore. Nanging, emane panggon taman bermain iku gak onok pengamanane lan gae korban arek cilik berjatuhan. Koyok misale bandulan, bandulan iku ngadep langsung nang sungai, dadi lek arek cilik dulinan terlalu kenceng isok mlebu nang sungai. Selain iku sisan taman bermain iki onok nang ngarepe embong Wonosari seng padet. Gak jarang onok arek cilik-cilik seng keserempet sepeda motor lan angkot. "Anakku iki tau dadi korban, ping loro, sampek untune copot, dulinan bandulan terus keserempet. Gak onok pengamane nang taman bermain iki," jare Dwi Ratnasari, warga RT 8 RW 13 Keluragan Ujung Kecamatan Semampir. Silva Kustina (5) ancen seneng melok ibue dodolan nang sekitar Dalan Wonosari lan dulinan nang kono. Dee kepingin taman bermain iki dibenekno lan digae luwih ramah gae arek cilik-cilik. Misale digae pagar pembatas embong gede lan dikei pasir utawa rumput. Warga setempat kapene ngadukno iki nang kelurahan lan kecamatan, nanging Gurung onok tindak lanjute.

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU