Wayahe Pindah nang Camilan Produk Warga

author surabayapagi.com

- Pewarta

Kamis, 13 Des 2018 10:41 WIB

Wayahe Pindah nang Camilan Produk Warga

SURABAYAPAGI.com - Pas blusukan nang Kampung Keripik Petemon, Agustin Poliana dadi semakin yakin lek pelaku UMKM nang Kota Surabaya dikei ruang bakalan luweh berkembang. Tapi kudu diimbangi karo kebijakan seng ngewajibno instansi pemerintah pindah nang produk warga. Gak onok alesane gawe gak dadino produk ekonomi kerakyatan disajikno nang birokrasi. "Awak dewe bakal ngekei fasilitas khusus produk UMKM nang stan DPRD Surabaya. Kabeh berhak ngisi stan iku gratis," jarene Titin, celukan akrab Agustin Poliana, Rabu (12/12). Wes akeh produk UMKM warga seng saiki dipajang nang stan lobi kantor DPRD Kota Surabaya. Ben anggota DPRD lan tamu akeh seng mesan produk, opo maneh panganan karo ngombene, termasuk camilan teko stan iku. Politisi PDIP iki ndorong gae kabeh instansi Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya gawe ngakomodasi hasil olahan produk warga. UMKM seng onok nang Surabaya kudu entuk panggon khusus nang seluruh lini instansi pemerintah. Tingkat kelurahan, kecamatan sampek balai kota kudu dadino produk warga, terutama camilan, dadi suguhan nang acara-acara kantor mereka. Jarene Titin, pasar nang institusi pemerintah guede. Mereka nyata jumlahe. Lek pimpinan wes mutusno pastine anak buahe bakal melok. "Awak dewe bakal ngupayakno keripik pisang Petemon iki mlebu nang kabeh lini pemerintah. Pasar wes ngakoni produk asli warga Surabaya," jare Titin. Gerakan nyenengi produk-produk lokal warga iku kudu dimulai teko birokrasi. Pemkot Surabaya sakjane wes mulai dengan ngelebokno panganan khas koyok Semanggi dadi menu wajib nang balai kota. "Tapi aku ndeloke gerakan bangga produk lokal iku mek mbois nang balai kota. Gurung tutuk tingkat kelurahan karo kecamatan. Mangkane, iki wayahe produk warga dadi menu utama nang instansi pemerintah," pungkasane Titin. "Seng luweh penting maneh, saiki jamane online. Pemkot kudu mbekali para pelaku UMKM nang sisi pemanfaatan digitalisasi iki," jaree. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU