Wong Lanang Ilang nang Kali Jagir

author surabayapagi.com

- Pewarta

Selasa, 22 Jan 2019 11:49 WIB

Wong Lanang Ilang nang Kali Jagir

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Polisi sek terus ngelakoni pencarian wong lanang sing hanyut nang sungai Jagir, Wonokromo, Surabaya, Jumat (18/1) wingi. Saiki, pencarian terhadap wong lanang jenenge Untung (37) iku diperluas nganti Sungai Kalilondo, Hutan Mangrove, Wonorejo, Rungkut. Kapolsek Rungkut, Kompol I Gede Suartika ngomong, pihake wes berkoordinasi karo jajaran Muspika Kecamatan Rungkut gawe ngelakoni pencarian nang Sungai Kalilondo. "sak marine krungu kabar iku, awak dewe langsung ngelakoni pencarian nang kene. Soale muarane onok nang kene," jarene, Senin (21/1). Bersama Danramil 05 Koramil Rungkut, Mayor Supriono lan Kasitrantib Satpol PP Kecamatan Rungkut, Achmad Surjari, pencarian dino iki dilakoni ket pukul 10.00 WIB. Nganggo 2 speedboat nggone Satpol PP, mereka ngelakoni penyisiran teko panggon dermaga wisata Hutan Mangrove menuju arah kulon laut. "Awak dewe nyusuri sungai bolak-balik teko isok nganti sore gurung ketemu," jarene. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU