Wong Lanang Lompat teko Lantai 6

author surabayapagi.com

- Pewarta

Jumat, 25 Jan 2019 11:36 WIB

Wong Lanang Lompat teko Lantai 6

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Jesse Owen Wandojo (28) nekat bunuh diri. Dee diduga lompat teko jendela kamar nomer 616 lantai 6 G Suites Hotel, Jalan Raya Gubeng, Kamis (24/1). Wong lanang teko Perumahan Sutorejo, Mulyorejo iki meninggal dunia karo luka berdarah nang ndase. Soale, pas lompat awake ceblok nang mobil sing parkir nang halaman hotel. "Korban ceblok mengenai mobil terlempar nang paving," jare Kapolsek Gubeng Kompol Naufil, Kamis (24/1). Sementara teko pemeriksaan kamar korban, polisi ngomong gak nemukno barang korban bahkan diduga kamar iku Gurung digae. Soale, korban teko dewean gak nggowo tas. "Dugaan kuat bunuh diri. Teko pemeriksaan awak dewe gak nemukno benda apapun nang njero kamar korban, kamare sek rapi lan resik. Rekaman cctv yo gak ngetokI onok wong liyo sing mlebu nang kamare," jare Naufil. Sak durunge, Jesse Owen ditemukno tertelungkup meninggal dunia diduga lompat teko kamar hotel. Wong lanang sing teko dewean iki ketok linglung pas check in sekitar pukul 01.30 WIB. Korban diduga lompat tekolantai enem sesaat sak marine check in dalam waktu 15 menit, mbaringunu security hotel krungu onok suara ceblok. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU