Wong Lanang Nyembunyikno Sabu nang Bungkus Permen

author surabayapagi.com

- Pewarta

Senin, 26 Nov 2018 14:34 WIB

Wong Lanang Nyembunyikno Sabu nang Bungkus Permen

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Anggota Opsnal Reskrim Polsek Tandes Surabaya nangkep 2 wong lanang seng konangan nyabu nang kamar kos. Mereka ditangkep nang kamar kos Lantai 2 Jalan Gersikan 2, Kecamatan Tambaksari, Surabaya, pas Jumat wingi (23/11) pukul 06.00 WIB. Pelaku jenenge Rony Faizal (42) warga Kelurahan Gading, Surabaya lan Ari Wibowo (30), warga Lumajang. Jarene Kapolsek Tandes, Kompol Kusminto melalui rilisnya ngomong, wong loro iku konangan ngonsumsi sabu. Sak marine anggota polisi ngelakoni penggeledahan lan hasil tes urine wong loro iku positif. Pas proses penggeledahan, keduane nyimpen sabu nang njero bungkus permen doublemint warna ijo seng bentuke kotak. Sabu iku sengojo didelek karo tersangka nang ndukure rak bagian tengah panggone ndelek televisi. Teko proses penggeledahan iku, Anggota Polsek Tandes ngamano sejumlah barang bukti. 2 poket sabu seberat 1,09 gram, 1 set alat penghisap sabu, lan 1 pipet teko kaca. Atas perbuatane, kedua tersangka iku terancam Pasal 112, 132 Undang Undang RI No. 35 tahun 2009 karo kurangan penjara 4 taun.

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU