SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Wali Kota Surabaya, Tri Rismaharini, nduwe rencana nggawe alas kutha lan embung nang aset tanah pemkot seluas 3 hektar. Bu Risma ngelakoni iku gawe meminimalisir potensi lindhu Surabaya seng isok moro-moro teko.
Aset tanah iku panggone nang Warugunung, Kecamatan Karangpilang Surabaya. Jarene Wali Kota seng akrab diceluk Risma iku pembuatan alas lan embung, isok meminimalisir aktivitas lempengan patahan seng jarene para ahli isok ngelewati Surabaya.
"Wingi ahli iku ngomong lek nag kono lempengan patahan, aku percoyo karo treatment aku nggawe alas kutha bakalan onok perbaikan struktur tanah nang kono, ndandani struktur tanah iku engkok banyue bakalan mlebu, banyue bakal mempengaruhi struktur tanah," jare’e Risma.
Risma yo ngomong, engkok embung’e bakal dibangun nang tengah-tengah alas kutha.
"Jarene treatment iku isok nggawe sumur-sumur, iki yo bakal awak dewe lakoni, dadi awak dewe bakal nggawe embung nang kono, engkok embung’e seng nang kono bakal awak dewe kelilingi karo alas kutha," pungkasane Risma.
Rencanane, alas kutha iku bakal ditanami wit-witan seng nduwe struktur kuwat lan alot, lan isok nyimpen banyu.
"Gak suwe iki bakal nekani alat berat gawe alas kutha. Mergo, tandurane kudu tanduran alot, seng isok nyimpen banyu, contohe koyok pencit, sawo, lan nyamplung. Asline, Awak dewe wes nyiapno tandurane," pungkasane.
Editor : Redaksi