SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Aksi Hafid (27) pas nyolong handphone demi tukui susu gawe anak’e gagal soale konangan seng nduwe omah.
Pria teko Sidotopo iki kudu mlebu tahanan Polsek Semampir sak marine ketangkep warga nang daerah Wonokusumo Wetan.
Hafid konangan mlebu nang ruang tamu omah’e korban seng pas iku gak kuncian.
Korban seng keturon mau sempet curiga karo suarae wong.
"Pelaku niate njupuk handphone seng nduwe omah gawe dijupuk," jarene Kanitreskrim Polsek Semampir AKP Tritiko, Rabu (12/12).
Nanging rencana iku gak sido soale seng nduwe omah tangi lan konangan pelaku.
Korban trus bengok’i maling, sampek nggarai panik tersangka lan akhire kabur.
Dilanjutno Tritiko, tersangka sisan ninggalno motor seng parkir lan kabur nang gang perkampungan.
Sampek akhire bengok’ane korban krungu nang warga lan nangkep tersangka.
Teko penangkapan iku, Hafid sempet dadi bulan-bulanan warga, untunge polisi cepet ngamanno tersangka.
Kepada polisi, tersangka Hafid nekat nyolong soale kepepet kebutuhan anak gawe tuku susu.
"Pengakuannya gawe tuku susu anak’e," jarene AKP Tritiko.
Editor : Redaksi