Taman Wonosari Surabaya Kurang Apik Gawe Arek Cilik

author surabayapagi.com

share news
share news

URL berhasil dicopy

share news
SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Langkah Pemerintah Kota Surabaya seng bermaksud ngapikno wilayah bantaran sungai entuk kritikan teko warga. Khususe warga kawasan Wonokusumo lan Semampir. Iki soale sungai Wonosari nang dalan Wonosari Kecamatan Semampir dikei nggon bermain anak koyok taman bermain. Nanging, emane taman bermain anak seng disediakno karo Pemkot justru dinilai ngebahayakno arek cilik-cilik. Nang bantaran sungai Wonosari wes onok limang wulan iki dikei taman bermain nang dua lokasi. Seng masing-masing lokasi dikei dua buah ayunan lan dua buah mainan perosotan. Taman bermain iki disenengi arek cilik-cilik nang kawasan pemukiman padat iku. Arek cilik-cilik akeh seng manfaatno dulinan iku gawe dulin pas awan lan sore. Nanging, emane panggon taman bermain iku gak onok pengamanane lan gae korban arek cilik berjatuhan. Koyok misale bandulan, bandulan iku ngadep langsung nang sungai, dadi lek arek cilik dulinan terlalu kenceng isok mlebu nang sungai. Selain iku sisan taman bermain iki onok nang ngarepe embong Wonosari seng padet. Gak jarang onok arek cilik-cilik seng keserempet sepeda motor lan angkot. "Anakku iki tau dadi korban, ping loro, sampek untune copot, dulinan bandulan terus keserempet. Gak onok pengamane nang taman bermain iki," jare Dwi Ratnasari, warga RT 8 RW 13 Keluragan Ujung Kecamatan Semampir. Silva Kustina (5) ancen seneng melok ibue dodolan nang sekitar Dalan Wonosari lan dulinan nang kono. De’e kepingin taman bermain iki dibenekno lan digae luwih ramah gae arek cilik-cilik. Misale digae pagar pembatas embong gede lan dikei pasir utawa rumput. Warga setempat kapene ngadukno iki nang kelurahan lan kecamatan, nanging Gurung onok tindak lanjute.
Tag :

Berita Terbaru

Hakim Jakarta Tolak Praperadilan Eks Wakil Ketua PN Depok

Hakim Jakarta Tolak Praperadilan Eks Wakil Ketua PN Depok

Selasa, 21 Apr 2026 23:48 WIB

Selasa, 21 Apr 2026 23:48 WIB

SURABAYAPAGI.com, Jakarta – Majelis Hakim Pengadilan Negeri Jakarta Selatan menolak praperadilan yang diajukan mantan Ketua Pengadilan Negeri Depok I Wayan Eka …

Kasus Video Porno Lisa Mariana dan mantan Manajernya Terus Diusut

Kasus Video Porno Lisa Mariana dan mantan Manajernya Terus Diusut

Selasa, 21 Apr 2026 23:36 WIB

Selasa, 21 Apr 2026 23:36 WIB

SURABAYAPAGI.com, Bandung – Polda Jawa Barat mengungkap fakta baru kasus video porno yang menjerat Lisa Mariana dan mantan manajernya sebagai tersangka. Kabid P…

PDIP tak Terusik Klaim JK, yang Jadikan Jokowi

PDIP tak Terusik Klaim JK, yang Jadikan Jokowi

Selasa, 21 Apr 2026 23:22 WIB

Selasa, 21 Apr 2026 23:22 WIB

SURABAYAPAGI.com, Jakarta – Ketua DPP PDIP Andreas Hugo Pareira memastikan PDIP tidak terusik dengan pernyataan JK. Andreas awalnya menyampaikan bahwa p…

Anak-anak dan perempuan seringkali jadi korban radikalisme

Anak-anak dan perempuan seringkali jadi korban radikalisme

Selasa, 21 Apr 2026 23:13 WIB

Selasa, 21 Apr 2026 23:13 WIB

SURABAYAPAGI.com, Jakarta – Menteri Agama (Menag) Nasaruddin Umar mengatakan anak-anak dan perempuan seringkali menjadi korban radikalisme pemahaman k…

Hercules, "tarik" Menteri hingga Satgas Anti-Mafia Tanah

Hercules, "tarik" Menteri hingga Satgas Anti-Mafia Tanah

Selasa, 21 Apr 2026 23:01 WIB

Selasa, 21 Apr 2026 23:01 WIB

SURABAYAPAGI.com, Jakarta – Hercules, Hercules Rosario Marcal, Ketua Umum GRIB Jaya, "tarik" beberapa pejabat, Ketua Satgas Anti-Mafia, tangani lahan yang ia k…

Ustaz Solmed, Klaim tak Terlibat Pelecehan Seksual

Ustaz Solmed, Klaim tak Terlibat Pelecehan Seksual

Selasa, 21 Apr 2026 22:21 WIB

Selasa, 21 Apr 2026 22:21 WIB

SURABAYAPAGI.com, Jakarta – Belakang ini Ustaz Solmed digunjingkan terlibat kasus pelecehan seksual. Ia tak terima. Ada dampak serius akibat fitnah yang b…