Onok Transformers ambek Si Loko nang Stasiun Gubeng

surabayapagi.com
SURABAYAPAGI.com, Surabaya - PT KAI Daop 8 Surabaya nekani robot Transformers nang stasiun Gubeng Surabaya, dikancani badut si Loko gawe ngehibur para penumpang, Kamis (3/1). Selain ngehibur, mereka sisan ngejak para penumpang gawe peduli karo bencana Tsunami nang Banten, karo nggalang dana secara mandiri. "Hasil penggalangan dana terkumpul sebesar Rp 63.037.000, engkok bakalan dikumpulkno terpusat nang kantor pusat PT KAI gawe pendistribusian selanjute," jarene Manager Humas PT KAI Daop 8 Surabaya Suprapto. Suprapto kepingin, kampanye iki isok nimbulno kepedulian para penumpang karo sesamane, seng ngalami bencana. "Penggalangan dana iki, mugi-mugi isok nambahi kepedulian teko para penumpang kereta api nang Stasiun Gubeng gae saudara-saudara awak dewe seng dilanda bencana, ben isok bangkit lan semangat maneh mbangun negoro iki," pungkasane Suprapto. Selain penggalangan dana, PT KAI Daop 8 Surabaya sisan mbagikno souvenir ambek doorprize gae penumpang. sry

Editor : Redaksi

Ekonomi dan Bisnis
Trending Minggu Ini
Berita Terbaru