Mahasiswi Untag Bunuh Diri

author surabayapagi.com

- Pewarta

Rabu, 23 Jan 2019 10:23 WIB

Mahasiswi Untag Bunuh Diri

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Desiana Dwi Lestari (19) sing ditemukno tewas bunuh diri ambek gantung diri nang kamar kose Jalan Nginden Baru Gang IV, Nginden Jangkungan, Sukolilo, Surabaya, Selasa (22/1) bengi, diduga bermotif asmara karo gendakane. Penyebab Desiana Dwi Lestari sing saiki dadi mahasiswi Universitas 17 Agustus 1945 (Untag) Surabaya iki mutusno ngakhiri hidupe ambek bunuh diri diduga awale teko pertengkaran karo gendakane. Sak durunge bunuh diri karo cara gantung diri, Desiana Dwi Lestari sempet tukaran lewat telpon. Penuturan iku diomongno penjaga kos sing ditempati Desiana Dwi Lestari jenenge Imma Himmatul. Dee ngaku sempet ndelok korban video call karo ngamuk-ngamuk ambek gendakane. Gendakane koyokane njaluk duwik ambek korban, tapi korban ngomonge gak nduwe duwik. Teko percakapan iku, korban kemudian nangis pas gendakane mutusno hubungane. "Sing ero penjaga kos, yo koncone dee. sak durunge koncone ero lek tukaran karo gendakane lewat telpon," jare Ketua RW 02 Nginden Jangkungan, Didik, Rabu (23/1). "Rame nganti bengi. Nangis berok-berok areke," jarene Didik, niru omongsne konco korban. Desiana Dwi Lestari sing asale teko Pamona, Poso, Sulawesi Tengah iki kemudian gak ketok metu kamar. Dee ngunci kamar nomer limo sing dipanggoni karo dee sak dino. "Dee jek ket pindah kos sak dino sak durunge kejadian. Pindahan teko Semolo, mek sak wengi trus siange gantung diri iku. Awak dewe gurung entuk kartu identitase, baru dijanjikno sore iki," pungkasane. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU