Risma Njajal Lift Kursi nang Balai Kota Surabaya

surabayapagi.com
SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Kondisi sikile Wali Kota Tri Rismaharini sing Gurung sembuh nggarai dee numpak lift kursi pas katene munggah tangga ngarepe Balai Kota Surabaya. Dee nyobak kursi iku sak marine acara penyambutan sederet penghargaan sing diraih Kota Surabaya, nang teras Balai Kota, Rabu (16/1). Sak marine acara, Wali Kota Surabaya Tri Rismaharini menuju Balai Kota gawe ramah tamah. Risma sing dikancani jajaran Forum Komunikasi Pimpinan Daerah (Forkopimda), ketok alon-alon ngadek teko kursi rodane, trus pindah lungguh nang lift kursi. "Aku sing gae iki, adakno aku sing nganggo," jare Risma trus ngguyu, Rabu (16/1). Lift kursi iku isok nopang beban wong sampek seberat 150 kilogram. sry

Editor : Redaksi

Ekonomi dan Bisnis
Trending Minggu Ini
Berita Terbaru