Adakno Guduk Kembang Sakura seng Mekar nang Dalan Surabaya

author surabayapagi.com

- Pewarta

Rabu, 28 Nov 2018 09:09 WIB

Adakno Guduk Kembang Sakura seng Mekar nang Dalan Surabaya

SURABAYAPAGI.com, Surabaya Awakmu seng teko nang Kota Surabaya saiki bakalan menikmati ayune kembang-kembang Sakura seng berguguran nang jalan-jalan protokol. Bahkan, lek awakmu mallku-maluk nang trotoar karo ndelok kembang-kembang sakura iku berguguran rosone koyok nang Jepang utawa Korea. Pemandangan sisi jalan trotoar Surabaya seng dipenuhi karo wite Kembang Sakura viral nang media sosial akhir-akhir iki. Foto-foto sisi jalan karo pemandangan Kembang Sakura iku koyok pemandangan kutha seng onok nang Jepang utawa nang Korea. Beberapa taun biyen, Pemerintah Kota Surabaya ancen nanem wit jenis Tabebuya Chrysotrica. Wit iki mlebu nang jenis sakura khas Brasil. Tabebuya Chrysotrica isok tumbuh nang iklim tropis lan mek mekar nang musim kemarau. Dalam waktu sak taun, Tabebuya Chrysotrica isok ping loro mekar karociri khas bunga lebat berdaun sedikit. Durasi kembang mekar mek 7-8 dino tok. Mbari iku, kembang-kembang Tabebuya Chrysotrica bakalan berguguran dengan indahnya Pohon Tabebuya Chrysotrica biasane mekar nang wulan Mei, September lan November. Tabebuya Chrysotrica nduwe macem-macem jenis, kembange onok seng warna kuning, putih lan onok seng pink. Amergo akeh wit sakura, jalanan Surabaya saiki rasane koyok nang negeri sakura, Jepang. Mulai teko Jalan Ahmad Yani, KBS, Darmo, Walikota Mustajab nganti Mayjen Sungkono dipenuhi kembang-kembang sakura seng bermekaran.

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU