Bongkar Peredaran Ganja, Kompol Sugeng Entuk Penghargaan

author surabayapagi.com

- Pewarta

Jumat, 18 Jan 2019 10:55 WIB

Bongkar Peredaran Ganja, Kompol Sugeng Entuk Penghargaan

SURABAYAPAGI.com, Sidoarjo - Kasat Reskoba Polresta Sidoarjo, Kompol Sugeng Purwanto entuk penghargaan teko Kapolda Jatim berkat kasus narkoba sing terungkap nang Sidoarjo. Kasus sing nggarai dee entuk penghargaan yoiku kasus 5,9 kilogram ganja lan 15.430 butir pil koplo jenis dobel L. Penghargaan iku diserahno nang Mapolda Jatim, Kamis (17/1). "Piagam penghargaan diserahno dalam upacara peringatan Hari Kesadaran Nasional nang Mapolda Jatim. Mewakili Kapolda Jatim, Wakapolda Jatim nyerahno piagam penghargaan nang awak dewe," jare Sugeng, Kamis sore. Jarene dee, penghargaan iki nggarai dee karo personile luwih mantab dalam berkomitmen gawe terus berupaya maksimal merangi narkoba nang wilayah Kabupaten Sidoarjo. "Termasuk dalam penegakan hukum lan upaya-upaya pencegahan. Koyok sosialisasi nang sekolah, kampus, komunitas, lan berbagai kalangan," sambunge. Nang Sidoarjo, peredaran narkoba sek dukur. Kendati para pengedar lan bandare wes akeh sing ketangkep, pelaku peredaran barang haram iki koyok gak entek-entek. Dalam dua minggu belakangan, Satreskoba Polresta Sidoarjo berhasil nangkep 29 wong pelaku narkoba. Mayoritas teko mereka yoiku pengedar lan kurir. Mereka ditangkep nang sejumlah panggon sing bedo. Paling akeh pas ngelakoni transaksi nang Gedangan, Buduran, Waru, Sedati, lan kawasan Kota. Artine, belakangan iki transaksi narkoba sing paling akeh onok nang kawasan sing berbatasan karo Kota Surabaya. "Awak dewe terus metakno, karo terus berupaya menindak tegas pelakune," jarene Sugeng. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU