Malang Dadi Kawasan Ekonomi Khusus nang Jawa Timur

author surabayapagi.com

- Pewarta

Senin, 17 Des 2018 11:46 WIB

Malang Dadi Kawasan Ekonomi Khusus nang Jawa Timur

SURABAYAPAGI.com, Surabaya - Wilayah Kecamatan Singosari, Kabupaten Malang wes dipiilih Pemprov Jatim gawe ditetapno sebagai Kawasan Ekonomi Khusus (KEK). Kawasan seng bakalan menjelma dadi kawasan ekonomi kreatif karo mengintegrasikan kabeh sektor. Gak mek pengembangan nang sektor wisata, nanging sektor ekonomi kreatif karo ngintegrasikno nang era digitalisasi sisan wes entuk porsi gede. "Engkok bakalan onok diferensiasi wisata yoiku ekonomi digital lan ekonomi kreatif bakalan terintegrasi," jarene Kris Widya, seng ngelola KEK Singhasari, Minggu (16/12). General Manager PT Intelegensia Graha Tama (IGT)iki nyebutno lek sektor wisata engkok gak mek bersifat sektoral. Kabeh kawasan wisata nang Jatim mulai teko Bromo, Malang, Batu, sampek kabeh wisata nang Jatim kudu terintegrasi. Seng paling sederhana yoiku wisatawan seng nang Bromo bakalan diupayakno ben mereka sisan menikmati Malang ambek panggon liyane. Kawasan Bromo Tengger Semeru seng gak adoh teko Malang kudu ngekei impact seng ombo. Gak mek impact karo kemajuan destinasi wisata, nanging seng luweh penting yoiku kesejahteraan masyarakat. Saiki, kawasan KEK iku bakal berpusat nang Singosari. Kawasan iki onok nang tiga desa, yoiku Desa Purwoasri, Desa Langlang karo Desa Klampok. Kawasan iki sak durunge berupa Singosari Integrated Tourism Complex (SITC). Kementriaan Pariwisata wes ndelok kawasan iku. SITC Singhasari iki sisan entuk dukungan teko Dewan Nasional Kawasan Ekonomi Khusus (DNKEK) gawe ndadikno SITC dadi KEK. Realisasine engkok dadi paket wisata seng sifate komplementer. Yoiku gedekno market lan ningkatno kunjungan wisatawan mancanegara nang wilayah Malang Raya. Tujuane yoiku ningkatno kesejahteraan warga masyarakat sekitar. Saiki dikembangno tiga sektor yoiku budaya, wisata, lan para startup digital kudu dadi pelaku KEK. "Saiki jek ngenteni Peraturan Pemerintah (PP) mudun sehingga resmi KEK ditetapno," lanjute Kris. sry

Editor : Redaksi

Tag :

BERITA TERBARU